27 Mei 2006
| omahku lan omahe tanggaku |
Lagi
tangi turu,
ana
swara kang gawe kisruh
tembok
kiwa, tengen, lan jubin padha obah
ora
bisa mlaku
mandheg,
jejeg, melu obah
kabeh
padha kisruh
padha
semaur “kukuh bakuh, kukuh bakuh!”
wong-wong
padha metu
akeh
omah kang padha rubuh
wong-wong
padha nggoleki kulawargane dhewe-dhewe
ana
kang slamet, ana kang ora
dadekake
kahanan kang nrenyuhake
akeh
kang padha tetangisan
kedadeyan
apa?
Lindhu
ana ing Bantul, 27 Mei 2006