Selasa, 17 April 2012

27 Mei 2006


27 Mei 2006

omahku lan omahe tanggaku
Lagi tangi turu,
ana swara kang gawe kisruh
tembok kiwa, tengen, lan jubin padha obah
ora bisa mlaku
mandheg, jejeg, melu obah
kabeh padha kisruh
padha semaur “kukuh bakuh, kukuh bakuh!”
wong-wong padha metu
akeh omah kang padha rubuh
wong-wong padha nggoleki kulawargane dhewe-dhewe
ana kang slamet, ana kang ora
dadekake kahanan kang nrenyuhake
akeh kang padha tetangisan
kedadeyan apa?
Lindhu ana ing Bantul, 27 Mei 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar